KI AGUN KEDIRI

08.01 Edit This 0 Comments »
PERIBASAN-BEBASAN-SALOKA

Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karep kang kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe.
Paribasan ana kang sinebut bebasan lan saloka. Diarani bebasan Manawa lereging teges nggepok sesipatan utawa kaanan kang sambung rapet karo ulah kridhaning manungsa. Diarani saloka menawa lereging teges magepokan karo sing disemoni, disanepani, utawa dipindhakake.
Anak-anakan timun = wong kang ngepek bojo anake pupon
Andaka atawan wisaya = wong kang kena prakara banjur minggat amarga duwe pangira bakal kalah prakarane
Andaka ina tan wrin upaya = wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana kajibah nggoleki barang kang ilang
Awak pendhek budi ciblek = wong cilik tur asor bebudene
Abag-abang lambe = guneme mung lamis
Adol lenga kari busik = dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bagean
Akadang saksi = wong prakaran akeh sadulure kang dadi seksine
Ana bapang sumimpang = nyingkiri sakehing bebaya
Anirna patra = ngungkiri tulisane dhewe
Angin silem ing warih = tumindak ala kanthi sesidheman
Angon kosok = ngreti ulah kridhaning wong liya lan bisa empan papan tumindake
Asor kilang munggwing gelas = gunem manis tur marak ati lan bisa mranani sing krungu
Adhang-adhang tetese embung = nJagakake barang mung sakoleh-olehe
Aji godhong garing = wis ora ana ajine (asor banget)
Ana adulate ora ana begjane = arep nemu kabegjan, ning ora sida
Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
Anggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi.
Angon mangsa = golek wektu kang prayoga kanggo tumindak.
Angon ulat ngumbar tangan = ngulatake kaanan, yen limpe banjur dicolong
Arep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasane
Asu belang kalung wang = wong asor nanging sugih
Asu gedhe menang kerahe = wong kang dhuwur pangkate mesthi wae luwih dhuwur panguwasane
Asu munggah ing papahan = wong ngrabeni tilas bojone sadulur tuwa
Ati bengkong oleh oncong = wong duwe niyat ala oleh dalan
Ana catur mungkur = ora seneng nyampuri urusaning liyan
Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
Arep nengkane emoh pulute = gelem kepenak emoh nglakoni rekasane
Adigang, adigung, adiguna = seneng ngendelake kekuwatane, panguwasae, lan kepinterane
Ancik-ancik pucuking eri = tansah was sumelang
Asu marani gebug = njarag bebaya
Asu rebutan balung = rebutan utawa padudon sing ora mumpangati
Baladewa ilang gapite = wong gagah kang ilang kakuwatane, kaluhurane (ora duwe panguwasa)
Banyu pinerang ora bakal pedhot = pasulayane sedulur ora bakal medhotake pasedulurane
Bapa kesolah anak molah = yen wong tuwa oleh prakara, anak uga melu ngrasakae lan melu tanggung jawab
mBarung sinang = nyela-nyela wong guneman
mBalithuk kukum = mbudidaya ucul saka ing kukum utawa angger-angger
mBaguguk ngutha waton = mbangkang marang pamarentah
mBondhan tanpa ratu = mbangkang marang nagara
mBuru kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung karuwan wekase
mBuwang rase nemu kuwuk = nyingkiri piala, nanging malah nemu piala kang luwih saka ala
mBuwang tilas = rewa-rewa ora mentas tumindak pagawe ala
Bathang lelaku = lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani
Beras wutah arang bali menyang takere = barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune
mBidhung api rowang = ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuhi
Blilu tau pinter durung nglakoni = wong bodho nanging sering nglakoni iku luwih pinter tinimbang wong pinter nanging durung tau nglakoni
Balung tinumpuk = anak loro dimantu tunggal dina
Bathang lelaku = wong lungan ijen liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati
Bathang ucap-ucap = wong loro lungan liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati
Bubuk oleh leng = wong duwe niyat ala oleh dalan
Bung pring petung = bocah kang longgor (gelis gedhe)
Buntel kadut, ora kinang ora udut = wong nyambut gawe borongan, ora oleh opah dhuwit, mangan, lan udut
Busuk ketekuk, pinter keblinger = sing bodho lan sing pinter padha nemu cilaka
Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
Belo melu seton = bisane mung melu-melu, ora ngerti sing dikarepake
Mburu uceng kelangan deleg = nguyak barang sepele kelangan barang sing aji
Bathok bolu isi madu = dianggep wong lumrah nanging sugih kepinteran, utawa wong ala rupane nanging manis bebudene
Bebek diwuruki nglangi = wong pinter diwulang mesthi gelis bisa
Bebek mungsuh mliwis = wong loro padha dene pintere mungsuhan, nanging sing siji luwih trengginas

0 komentar: